Tuesday, 21 December 2010

..layang kangen..

layangmu ta’tampa wingi kuwi..
wez ta’waca apa karepe atimu..
trenyuh ati iki maca tulisanmu..
ra krasa netes eluh ning pipiku..
umpama tanganku dadi suwiwi..
iki uga aku mesti enggal bali..
ning kepriye maneh marga kahananku..
cah ayu entenana tekaku..
ra maido sapa wong sing ora kangen
adoh bojo pengen turu angel merem..
ra maido sapa wong sing ora trenyuh..
ra kepethuk sawetara pengen weruh..
percaya aku, kuatno atimu..
cah ayu entenana tekaku..

cidro..

Wez sa’mestine ati iki nelangsa..
Wong sing ta’tresnani mblenjani janji..
Apa ora eling nalika semana kebak kembang wangi jroning dhodho..
Kepriye maneh oiki pancen nasibku kudu nandang lara kaya mengkene..
Remuk ati iki yen eling janjine..
Ora ngira jebul lamis wae..
Gek opo salah awakku iki..
Kowe nganti tega mblenjani janji..
Apa merga kahanan uripku iki..
Mlarat banda seje karo uripmu..
Aku nelangsa merga kebacut tresna ora ngira saikine cidro….

Monday, 20 December 2010

wes cukup

ta’trimak-trimakke

yen pancen ngono karepe..
tenane batinku, ora nglilakake..
ning nyatane kudu koyo ngene..
muga-muga bener pilihane..


wez ilang tresnane..

wes lali piye sumpahe nalika kae..
ning saiki kok ngene dadine
tresnamu jebul mung ono lambe..
mung ana lambe..

klapa sing ta’tandur limang taun sing kepungkur..
uwez thukul godhonge wez dadi janur..
janur sing sumampir ana ing ngarep omahmu..
nanging sing nyanding kowe dudu awakku dudu aku..