Wednesday 2 October 2013

opo'o kok "hyugo pufenatcha fardian"

iku jenenge anakku brooh, kekasih hati pujaan bangsa sing umure wes 6 ulan saiki.. wakeh sing ngarani jarene jenenge ke-barat²-an lah, nyleneh lah, wah malah onok sing ngomong lek jeneng tengahe anakku iku "mengandung alay" yoweslah sa'karep²mu kunu lek ngarani opo, haha..

eh tapi padahal asline jenenge anakku iku yo onok artine, sejarahe, n plesetane lho..

ngene ceritane ::

• hyugo •
pas iku aku numpak angkot ADL ambek bojoku mari ngecat omah anyar ndk pulosari ate muleh nang kerto asri, pas iku aku hamil sekitar 7 ulanan. nah angkot'e kan penuh, pas nyampek ngarep'ane stasiun kota baru onok penumpang ate numpak kabeh'e 2. sopir angkote ndada ndada, ga cukup angkote lek penumpange 2 numpak kabeh. eh lha kok moroan salah sijine penumpang iku dikongkon munggah ambek supire. penumpang iku maeng nggawe helm, eh lha kok helm'e iku maeng digawe ambek supire. yo aku kaget lah, opo meneh pas iku aku lungguh ndk ngarep jejer ambek supire. dalam hati aku bingung. duh, sa'aken penumpang sing gak oleh numpak iku mau, salah udan² ndk njobo iku. duh, yoopo seh supir iki, kok cek beneh temen sampek gelem nggawakno helm'e penumpang. ngunu batinku. koyoknya bojoku yo mbatin keanehan sing sek tas iku..

koyok'e supire ngerti opo sing ta'bingungi iku. akhire pak supir ngomong "yugo kulo mbak" terus aku njawab "ooo, nggeh pak." bojoku ta'wasi cuma manggut² gak ngerti palingo, soale supir iku ngomong jowo alus, haahaha..

pas nyampek omah, bojoku takok nang aku pak supire angkot maeng ngomong opo? yo ta'jawab "yugo kulo mbak, artinya anak saya mbak" maklum ye sodara, bojoku sek pirang taun ndk malang ga pati ngerti boso jowo, opo meneh jowo alus..

naaaah, jeng jengg jenggg, akhire bojoku terinspirasi njenengno anakku iku "hyugo" plesetan teko "yugo" sing artine "anak"

• pufenatcha •
iki asline jeneng gabunganku karo bojoku lek pas onlen. sing koncoan ambek aku ndek fesbuk utowo wanawap pesti ngerti lek nick-ku iku "fe" lha lek bojoku iku "pukinatcha" nah lek digandeng dadine kan "pufenatcha"

eh tapi asline pukinatcha iku yo plesetan lho.. bojoku iku kan ngefans berat ambek band punk rock luar sing jenenge mxpx. lha si band mxpx iki ndue simbol kartun jenenge "pokinatcha". akhire ambek bojoku diplesetno dadi "pukinatcha". lek misal gak diplesetno jenenge lak maleh plagiat tah yoo, haahaa.. lek fe iku biyen asline teko "f3lish" iku yo plesetan teko "pelis deh" goro²e network pas onlen iku nyinyik banget, ngumbel pedot², suspended terus, yowes akhire aku nggawe akun plesetan iku,,

• fardian •
nah lek iki dudu plesetan rek, iki asli jeneng dowone bojoku, akhbar fardian ps, lha anak'e dadi dijenengi fardian mburine. mosok plesetan kabeh, hahaha..

wes genah kan, opo'o kok jenenge hyugo pufenatcha fardian, artekno dewe laaah..

sing ngomong lek jenenge anakku mengandung alay utowo ke-barat²-an utowo opo ae wes kah iku sembarang, kabeh uwong berhak komentar kok, yogakseh.. *aduh kepleset* :p

No comments:

Post a Comment

tulung kalo komen jangan pake anonim ya, tenks..